Wednesday, August 12, 2015

RPP mendengarkan bahasa jawa smster2



RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Sekolah                       : MTs Walisongo Sidowangi
Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa
Kelas / Semester          : VII /2
Tahun Pelajaran           : 2013/2014
Standar Kompetensi   : 1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam Bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar      : 1.1 Mendengarkan percakapan dalam berbagai kegiatan di lingkungan sekolah dan di rumah atau masyarakat tentang tempat umum.
Indikator                    : 1.1.1 Mampu menjawab pertanyaan tentang percakapan yang didengarkan.
1.1.2 Mampu mengungkapkan isi percakapan secara lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Alokasi Waktu                        : 1 x 40 menit

1.      Tujuan Pembelajaran
·         Siswa dapat menjawab pertanyaan tentang percakapan yang telah didengarkan.
·         Siswa dapat  mengungkapkan isi percakapan secara lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa
2.      Materi Pembelajaran
·         Teks percakapan tentang kegiatan di   tempat umum (nandur empon-empon)
3.      Metode Pembelajaran
·         Ceramah
·         Tanya jawab
·         Diskusi
·         Penugasan
4.      Langkah-langkah Kegiatan Pembelajaran
a.      Awal
1)      Guru menyiapkan siswa untuk melaksanakan kegiatan belajar mengajar
2)      Guru menerangkan tujuan pembelajaran.
3)      Siswa diajak untuk mengingat kembali hal-hal yang berkaitan dengan percakapan
b.      Inti
1)      Ekplorasi
·         Mencari tahu jenis-jenis percakapan.
·         Membahas ragam bahasa yang digunakan dalam percakapan sesuai dengan lawan bicara.
·         Membahas  situasi yang memungkinkan terjadinya percakapan.
2)      Elaborasi
·         Siswa mendengarkan percakapan dari rekaman.
·         Siswa menjawab pertanyaan tentang percakapan yang didengar secara individu.
·         Siswa mengoreksi jawaban teman dengan jujur.
·         Siswa membentuk kelompok.
·         Siswa bersama kelompok berdikusi membahas isi percakapan yang telah didengar.
·         Perwakilan kelompok maju ke depan kelas untuk menceritakan isi percakapan
3)      Konfirmasi
·         Membahas isi dan bahasa dalam percakapan yang didengar bersama-sama.
·         Memberikan penguatan tentang percakapan dengan membuat pertanyaan
c.       Akhir
1)      Menyimpulkan hasil simakan yang dilakukan siswa.
2)      Menginformasikan materi pertemuan berikutnya
5.      Sumber Belajar
a.    LKS Fokus Bahasa Jawa Kelas VII
b.    Buku yang mendukung / buku yg relevan
6.      Penilaian
           a.       Teknik : Tertulis dan lisan
           b.       Bentuk : soal uraian
           c.       Instrumen :

Nandur Empon-Empon

Faisal: “Ingkang kalebet taneman ingkang pangrembakipun saking umbinipun punika punapa kemawon, Mbah?”
Simbah: “Akeh Le, iku umpamane kenthang, brambang, bawang, kembang dhahlia, kembag amarilis, kembang lili, kembang bakung, lan liya-liyane.”
Faisal: “Kalebet empon-empon inggih, Mbah?”
Simbah:”Ora, Yen empon-empon iku bisane tumangkar umbi oyod, dadi satemene oyod nanging sing dadi umbi. Kowe rak wis ngerti ta sing kalebu empon-empon iku?”
Faisal: “Mangertos Mbah, woten, jae, kencur, laos, kunir, kunci, temu lawak, temu giring.”
Simbah: “Satemene kekarone padha-padha umbi, iku gampang tumangkare.”
Faisal: “Kados pundi caranipun nangkaraken taneman umbi, iku gampang tuangkare?”
Simbah: “Adate bibit sing wis tuwa bisa langsung ditandur, ananging ana uga kang kudu disimpen luwih dhisik upamane bawang putih. Bibit bisa ditandur arupi umbi utawa umbi oyod wae. Nanging uga bisa ditandurkinanthenan saperangan saka wite. Nadyan mangkono samangsane nandur prayoga dipilih bibit kang temen-temen apik lan sehat sarta cukup umur”
Faisal: “Lha kadhang kala kok wonten ingkang boten thukul kepara malah bosok, kados pundhi punika Mbah?”
Simbah: “Yen kadadean umbine dadi bsk utawa oratukhul iku jalarane lemahe kurang lembab utawa garing. Utawa malah kokean banyu utawa bocek.”
Faisal: “Lha menawi empon-empon punapa sami Mbah?”
Simbah: “Ana bedhane sithik, yenempion-empon umi oyod ditandur luwih dhisik ana ing papan pandhedheran. Sawise bisa trubus utawa thukul bibit dibongkar lan dikethoki dadi telu utawa loro, banjur ditandur ana ing papan kebonan.”
Faisal: “Inggih, matur nuwun Mbah.”


Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedasar pachelaton sing wis kosemak!
1.      Sapa bae sing nindhakake pacelathon?
2.      Faisal takon babagan apa?
3.      Tanduran apa bae sing ngrembakane ngago umbi?
4.      Apa bae sing kalebu empon-empon?
5.      Umbi apa sing panandure kudu disimpen dhisik?
6.      Bibit sing kepriye sing dipilih?
7.      Umbi sing kepriye sing dipilih?
8.      Geneya ana umbi sing ora thukul?
9.      Kepriye carane nandur empon-empon?         
10.  Empon-empon lumrahe ditandur ana ing ngendi?


Perhitungan nilai tertulis
Jumlah betul
-            Critakna maneh pacelathon sing kokrungokake nganggo basamu dhewe!
 Penghitungan Nilai Tertulis :
                       
Penghitungan nilai lisan :
Nama kelompok
Aspek yang dinilai
Jumlah
Isi
Diksi
Intonasi








                                                                     Sidowangi, 04 Maret 2014
Mengetahui
Kepala Sekolah                                                       Guru Mata Pelajaran




M. Machfuzi, S.Ip                                                  Heru Tafiyanto, S.Pd
                               


Tuesday, August 11, 2015

Cultural seminars



BAB I
PAMBUKA

            Masyarakat Jawa, khususipun masyarakat Jawa Tengah tlatah kidul, mlebet Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, taksih kathah sanget ngawontenaken tradisi merti desa. Tradisi merti mesa utawi bersih desa hakikatipun inggih punika kegiyatan masyarakat kangge mujudaken rasa syukur dhumateng Gusti Allah amargi sampun paring berkah lan nugrahanipun kadosta kasil panen ingkang kathah, kahanan dhusun ingkang tentrem lan keslametan para warga dhusun. Merti desa uga saged dados wadah kangge manunggalaken masyarakat supados saged mbina tali silaturahmi dhumateng para warga sedaya. Rasa greget kempal manunggal wonten tradisi merti desa inggih ageng sanget.
            Tradisi merti desa inggih punika warisan tradisi saking leluhur ingkang ngemot bab-bab ingkang becik lan adiluhung. Ningali agenging manfangat ingkang sae saking tradisi Merti desa niku piyambak, tradisi merti desa kedah dipun lestantunaken supados boten ical mekaten kemawon dumateng budaya manca ingkang mlebet wonten ing masyarakat.
            Kangge mujudaken rasa syukur dhumateng Gusti Allah, tradisi merti desa uga saged dados mujudaken rasa kasalarasan manungsa kaliyan ngalam donya. Sajronipun gesang manungsa sampun mundhut kanugrahan saking kasil bumi ingkang kathah sanget. Nanging mekaten, anggenipun mundhut kasil bumi wau boten angsal medal saking tata cara, mundhut kasil bumi ingkang jor-joran saged ngrisak alam. Kamangka sejatinipun manungsa kedah njaga alam punika. Menawi panen ageng, masyarakat angsal kasil ingkang kathah punika mboten ucul saking caranipun ngrumat alam ingkang becik.
            Tradisi merti desa menawi dipun garap kanthi sae lan profesional saged andadosaken aset wisata budaya ingkang samangke saged nglampahaken rodha ekonomi rakyat. Tradisi merti desa uga dados sarana kangge nglestantunaken tradisi-tradisi lokal ingkang wiwit sami luntur, kadosta kesenian tradisional lan jajanan peken ingkang namung saged ditemokaken wonten ing desa kasebat. Kangge masyarakat niku piyambak tradisi merti desa uga saged dados sarana karemenan warga kanthi digelaripun pagelaran ringgit purwa.
BAB II
LANDHESAN TEORI


1.         Prosesi
Tembung prosesi wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia dipuntegesi minangka pawai khidmat (perarakan) dalam upacara kegerejaan. Tembung prosesi wonten tradisi merti desa saged dipuntegesi minangka lampahaning upacara tradisi merti desa. Inggih punika lampahaning upacara merti desa ing desa Tanjungrejo wiwit labuh dumugi paripurnaning adicara.

2.         Teges Simbolik
Teges simbolik asalipun saking kalih ukara, inggih punika teges/makna lan simbolik. Tembung makna wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia uga dipun arani minangka arti. Menawi tembung simbolik asalipun saking tembung simbol. Miturut Poerwadarminta wonten ing Budiono Herusatoto (2008: 17) simbol inggih punika kayata tandha, lukisan, ukara, lencana lan sapanunggalanipun, ingkang ngemot utawi nggadahi maksud ingkang gumathok. Miturut The Liang Gie wonten ing Budiono Herusatoto (2008: 17) njlentrehaken menawa simbol inggih punika tandha damelan, ingkang wujudipun sanes ukara kangge makili utawi ngringkes perkara napa kemawon. Simbol saged dipun tegesi minangka perkara utawi kahanan ingkang dados sarana kawruh dhumateng objek (Herusatoto, 2008: 18). Saking teori-teori kasebat saged dipundhut dudutan menawi teges simbolik inggih punika  teges kang gumathok ingkang dipunlambangaken ngangge tandha-tandha ingkang makili makna, gagasan lan pangertosan.




3.         Tradisi
Tradisi miturutt Jennifer Lindsay wonten ing Imam Sutardjo (2010: 63) inggih punika kempalan nilai-nilai budaya ingkang mapan wonten wekdal ingkang turun-tumurun saking leluhur. Miturut Mufti (2009) tradisi inggih punika gambaranipun sikap lan polahipun manungsa ingkang sampun dipunproses wonten wekdal ingkang dangu lan dipunlaksanakaken kanthi turun-temurun saking leluhur lan dados kebiasaan wonten ing masyarakat.

4.         Merti Desa
Merti desa inggih punika salah satunggaling upacara tradisi lokal ingkang awujud kegiatan bersih desa. Merti desa inggih punika kegiatan aminangkani wujud rasa syukur dhumateng kanugrahanipun saking Gusti ingkang Maha Agung. Merti desa punika dipun laksanakaken para warga kanthi gotong royong. Ancasipun inggih punika supados Gusti Allah paring tolak balak lan paring keslametan kangge masyarakat desa. Salah satunggaling acara kegiatan ingkang wonten ing salebeting tradisi Merti Desa inggih punika pagelaran ringgit purwa sedalu natas.




BAB III
ANDHARAN

Desa Tanjungrejo miturut tata administratif kalebet wonten ing tlatah kecamatan Bayan, kabupaten Purworejo. Desa Tanjungrejo punika wonten 5 RT lan 2 RW. Tlatah desa Tanjungrejo sisih lor watesan kalih desa Dewi. Tlatah wetan watesan kalih desa Tanjunganom. Tlatah kidul watesan kalih desa Krandegan lan desa Banjarejo. Tlatah kulon watesan kalih desa Tangkisan. Kathahing warga desa Tanjungrejo dumugi 1.187 tiyang. Kahanan alam ingkang sebagian ageng taksih sabin lan tegalan andadosaken mayoritas warga desa Tanjungrejo makarya utawa nyambut damel minangka petani.
Tradisi merti desa antawis tlatah setunggal kalih tlatah sanesipun nggadhahi tata cara piyambak-piyambak. Malah wonten ingkang benten, perkara kasebat jalaran saking kahanan sosial warga ingkang wonten mriku. Kadosta tradisi merti desa ing desa Tanjungrejo ingkang nggadhahi tata cara piyambak lan benten kalih prosesi upacara merti desa wonten ing tlatah sanesipun. Mayoritas warga desa Tanjungrejo ingkang makarya utawa nyambut damel minangka petani, sarta kahanan warga ingkang mayoritas muslim ndadosaken prosesi merti desa kasebat langkung sae, ewandene nilai-nilai tradisi lan nilai-nilai agami saged sesarengan mlampah tanpa congkrah, satemah saged andamel akulturasi budaya ingkang sae sanget.
Tradisi merti desa wonten ing desa Tanjungrejo kedah diwontenaken ing dinten Jum’at sasi Rejeb, mula uga dipun arani Rejeban. Punika dipun yakini dening para warga menawi dinten Jum’at sasi Rejeb punika dinten jumenengipun desa Tanjungrejo. Lampahan prosesi merti desa uga kedah dipun wontenaken ing griyanipun Lurah Tanjungrejo, punika sampun dados adat ingkang dirembug dening para warga sedaya lan mboten angsal dipun blenjani. Riyin nate sumerep prastawa nalika prosesi merti desa boten diwontenakaen ing griyanipun Pak Lurah, nanging malah diwontenaken ing griyanipun Pak Carik, prosesi saged mlampah kanthi sae, nanging pinten dinten saksampunipun prosesi upacara merti desa mlampah, Lurah Tanjungrejo ingkang madeg nalika semana seda. Punika lajeng dipungandheng-gandhengaken kalih warga jalaran saking lampahan upacara merti desa ingkang ewah saking tradisi, prastawa kasebat njlentrehaken menawa tradisi merti desa ing Desa Tanjungrejo miturut warga taksih kathah unsur-unsur mistik. Ngantos dugi sepriki para warga taksih percaya mboten ketang agami Islam sampun mlebet ing desa Tanjungrejo.
Puncak lampahan prosesi tradisi merti desa wonten ing desa Tanjungrejo sami kalih lampahan prosesi tradisi merti desa wonten ing tlatah sanes, inggih punika dipun suraosi kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas. Nanging ingkang mbentenaken wonten mriki inggih punika dipun manunggalaken pagelaran ringgit purwa kalih adicara pengaosan. Kalih perkara ingkang benten sanget, ananging saged mlampah sesarengan kanthi sae lan mboten congkrah sarta mboten ngirangi kesakralan lampahanipun tradisi merti desa.
Lampahan prosesi tradisi merti desa wonten desa Tanjungrejo dipun wiwiti ing wayah siyang saksampunipun wekdal shalat Jum’at, inggih punika dipun tengeri kanthi labuhipun pagelaran ringgit purwa ingkang dipun adani wonten ing griyanipun Pak Lurah. Lakon wonten ing pagelaran ringgit purwa punika bebas lan mboten ditemtokaken. Sakderengipun pagelaran ringgit purwa dipun wiwiti, langkung rumiyin wonten acara ngiris tumpeng dhumateng Lurah Tanjungrejo kanthi donga kangge nyuwun kelancaran wonten ing lampahan tradisi Merti Desa sarta nyuwun supados warga desa Tanjungrejo dipunparingi kamakmuran lan dipun tebihaken saking mala bebaya. Pagelaran ringgit purwa pungkas sakderengipun wayah maghrib inggih punika tabuh 5 sonten.
Acara dipun lajengaken saksampunipun shalat Isya. Inggih punika acara pengaosan, sedaya warga sami ngurmat sesarengan lan kempal manunggal mirengaken piwulang saking Pak Kyai.  Acara pengaosan kirang langkung kalih jam. Saksampunipun acara pengaosan paripurna, warga dipun remenaken malih kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas. Kanthi paripurnaning pagelaran ringgit purwa kasebat, mangka uga paripurna lampahan upacara tradisi Merti Desa wonten ing desa Tanjungrejo. Mekaten wau lampahanipun tradisi merti desa ing desa Tanjungrejo.



BAB IV
PANUTUP

                        Mekaten punika lampahanipun tradisi merti desa wonten ing desa Tanjungrejo. Tradisi merti desa inggih punika warisan tradisi saking leluhur ingkang ngemot bab-bab ingkang becik lan adiluhung. Ningali agenging manfangat ingkang sae saking tradisi Merti desa niku piyambak, tradisi merti desa kedah dipun lestantunaken supados boten ical mekaten kemawon dumateng budaya manca ingkang mlebet wonten ing masyarakat.
                        Kangge mujudaken rasa syukur dhumateng Gusti Allah, tradisi merti desa uga saged dados mujudaken rasa kasalarasan manungsa kaliyan ngalam donya. Sajronipun gesang manungsa sampun mundhut kanugrahan saking kasil bumi ingkang kathah sanget. Nanging mekaten, anggenipun mundhut kasil bumi wau boten angsal medal saking tata cara, mundhut kasil bumi ingkang jor-joran saged ngrisak alam. Kamangka sejatinipun manungsa kedah njaga alam punika. Menawi panen ageng, masyarakat angsal kasil ingkang kathah punika mboten ucul saking caranipun ngrumat alam ingkang becik.
                        Tradisi merti desa menawi dipun garap kanthi sae lan profesional saged andadosaken aset wisata budaya ingkang samangke saged nglampahaken rodha ekonomi rakyat. Tradisi merti desa uga dados sarana kangge nglestantunaken tradisi-tradisi lokal ingkang wiwit sami luntur, kadosta kesenian tradisional lan jajanan peken ingkang namung saged ditemokaken wonten ing desa kasebat. Kangge masyarakat niku piyambak tradisi merti desa uga saged dados sarana karemenan warga kanthi digelaripun pagelaran ringgit purwa.




BAB V
SARAN

                        Merti desa inggih punika salah satunggaling upacara tradisi lokal ingkang awujud kegiatan bersih desa. Merti desa inggih punika kegiatan aminangkani wujud rasa syukur dhumateng kanugrahanipun saking Gusti ingkang Maha Agung. Merti desa punika dipun laksanakaken para warga kanthi gotong royong. Ancasipun inggih punika supados Gusti Allah paring tolak balak lan paring keslametan kangge masyarakat desa. Pramila tradisi merti desa kedah dipun lestantunaken supados boten ical mekaten kemawon dumateng budaya saking manca ingkang mboten sae.



BAB VI
DUDUTAN

                        Tradisi merti desa ing desa Tanjungrejo nggadhahi tata cara piyambak lan benten kalih prosesi upacara merti desa wonten ing tlatah sanesipun. Tradisi merti desa wonten ing desa Tanjungrejo kedah diwontenaken ing dinten Jum’at sasi Rejeb, mula uga dipun arani Rejeban. Punika dipun yakini dening para warga menawi dinten Jum’at sasi Rejeb punika dinten jumenengipun desa Tanjungrejo. Lampahan prosesi merti desa uga kedah dipun wontenaken ing griyanipun Lurah Tanjungrejo, punika sampun dados adat ingkang dirembug dening para warga sedaya lan mboten angsal dipun blenjani.
                        Puncak lampahan prosesi tradisi merti desa wonten ing desa Tanjungrejo sami kalih lampahan prosesi tradisi merti desa wonten ing tlatah sanes, inggih punika dipun suraosi kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas. Nanging ingkang mbentenaken wonten mriki inggih punika dipun manunggalaken pagelaran ringgit purwa kalih adicara pengaosan.




DAFTAR PUSTAKA


Agung Pamuji. 2010. Nilai Pendidikan dalam Tradisi Wiwit Padi di Desa Mudal Kecamatan Purworejo Kabupaten Purworejo. Skrpsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Muhammadiyah Purworejo.

Budiono Herusatoto. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Penerbit Ombak.

Esti Imawati. 2011. Metode Penelitian Pendidikan Bahasa dan Sastra. Surakarta: Yuma Pustaka.

Imam Sutarjo. 2008. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS.

Mufti. 2009. http//: muftiblog.wordpress.com/2009/10/20/pengertian-tradisi. Diunduh pada 2 Januari 2012.

Tim Redaksi. 2008. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.