Saturday, August 8, 2015

Master of ceremoney





Alhamdulilahirobil’alamin. Assolatu wassalamu’alaa asrofil anbiyai wal mursalin,   sayyidina wamaulana muhammadin,   wa’ala alihi wa sohbihi aj ma’in, ama ba’du

Wonten pangarsanipun sepuh pinisepuh dusun…… ingkang kula hormati.
Wonten pangarsanipun (bpk kyai…) saking …. Ingkang kula antu antu maungidoh khasanahipun.
Wonten pangarsanipun…… ingkang kula hormati
Wonten pangarsanipun…… ingkang kula hormati

Sumrambah dumateng para rawuh ingkang tansah kinurmatan, langkung langkung dumateng kadang anem dusun kebonlegi ingkang cinaket ing manah.

Raos puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat, Taufik, Hidayah saha inayahipun dateng panjenengan sedaya lan kula sehingga wonten ing dalu menika panjenegan sedaya lan kula waged kempal manunggal tanpa aral setunggal menapa, pramila sumangga tansah nglairaken raos sukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT kanti wahosan tahmid sesarengan ALHAMDUILAHIRBBIL’ALAMIN
Rohmat salamipun Allah mugi-mugi katetepaken wonten ngayungan junjungan Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang panjenengan sedaya lan kula sanget anggenipun ngantu-antu safaat saha pitulunganipun wiwit ing alam donya langkung langkung mbenjang wonten yaumul akhir.
Kula wonten mriki minangka pambagi wekdal wontenipun adicara pengaosan ………. Ing dalu menika. Kawontenan wekdal sampun cekap, tumuli badhe kawiwitn :
  1. Pambuka
  2. Sambutan-sambutan :
Sambutan saking kepala dusun kebonlegi
Sambutan saking bapak dahlan
  1. Waosan tahlil
  2. Istirohat
  3. Pangaosan ingkang bade kaasto bp. Kyai ngatoilah saking krumpakan
  4. panutup.
Keranten wekdal sampun sawentawis dalu, sumangga ngancik adicara ingkang ongko 1 inggih menika pembuka, sumangga pikempalan ing dalu menika kito wiwiti kanthi waosan umul kitab sesarengan,,…
Menggah adicara ingkang nomor 2 inggih menika sambutan-sambutan
-          Sambutan ingkang ongko 1 inggih menika sambutan saking  kepala dusun kebonlegi (dumateng panjenenganipun bapa jumi wekdal kulo sumanggakaken),
-          Sambutan ingkang ongko 2 inggih menika sambutan saking  kepala desa sambak (dumateng panjenenganipun bapa Dahlan wekdal kulo sumanggakaken)
Menggah adicara ingkang nomor 3 inggih menika waosan TAHLIL (dumateng bapa.... wekdal kulo sumanggakaken)
Menggah adicara ingkang nomor 4 inggih menika istirohat (dumateng kadang anem kula sumanggakaken)
Menggah adicara ingkang nomor 5 inggih menika pengaosan (dumateng bapa kyai atoilah wekdal kulo sumanggakaken dumugi doaipun)
Sakderengipun wekdal kula aturaken bapak kyai ….., mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing adicara ing dalu menika kathah klenta klentunipun, kula nyuwun pangapunten ingkang tanpa upami.
SALAMMMMMM
Wekdal kula aturaken dumateng (bpk kyai……..) sak do’aipun. Maturnuwun.

No comments:

Post a Comment